Wednesday, November 8, 2017

Ngomyang bab rejeki 😂

Jenenge wae Wong dodolan,  ngadang-adang rejeki jare simbah,  sedino rame sedino sepi telung dino sepi banget .... Wes biyasaaa banget rasah ngggumun koyo urip nang donyane Alice in Wonderland.

Esuk kuwur awan kepyur sore tiba² rejekine makbyur ..... Hahahahaha. Pernah ngerasain kayak gitu? Job sepi, orderan sepi, tapi tagihan listrik, spp, sumbangan mantenan, Wong Manak, sunat Ra tau sepi!!!  Tapi onoooo wae kan rejekine? Sehat iku rejeki, sekeluarga iso kumpul² kui rejeki, diparani sedulur ugo rejeki.

Mau dagangan rame atau sepi kan urip kudu dilakoni ya? Ra pareng sambat ya? Eh sambat Jane gpp lho (Nek gak duwe isin Wong Wes diparingi nikmat malimpah Jik sambat wae) ... Tapi sambat ro bojone wae tapi luwih apik sambat ro sik nyiptake bojo sih..... Ojo bojone liyan, ora pareng! Arep dadi hello kitty? Lha Nek wedok hello kitty Nek lanang dadi opo? Hello garong opo Brutus sik senenge mbibrik Olive ?

Bingung Aku nulis opo? Hawong Aku wae juga bingung.... Rasane ket esuk koyo wong kurang didulet sambel trasi, rujak Bebeg, sambel bawang ..... Gandeng rejeki lan hoki ku uwow syalalallaallaa , awan mau Oleh rejeki ayam bakar sak besek gueeediii🙏🙏 Sembah Nuwun Gusti...

Intine muk arep ngomong, arep job sepi orderan sepi, usaha opo wae ojo nganti semangatmu mati.  Ibarat arep nyebrang segoro seko wekwekaland menuju Disneyland , Nek kowe muk nganggo perahu dayung ora nganggo palpesiar yo lakoni ndayung nyampe tekan Disneyland. Nek ketemu hiu gebug nganggo dayung, ketemu bebek saut betheti bakar nggo lawuh , ketemu Wong nggeguyu gebug betheti nggo lawuh ... #eh
Intine yo ngono kaelah! Sik ngatur rejeki Gusti Allah , kawulo muk sakdermo mbukak dalan rejeki dinggo dewe, sukur² iso mbukak dalan rejekine liyan ... Kan urip iku urup ya?

*sakdermodinggopengelingelingku
*penyemangatdiri 

No comments:

Post a Comment